Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget Atas Posting

Cerkak

Cerkak "Mumet"


Prapto isih turon ing kamare. Mripate ndeleng cecak lagi buron ing empyak. Ketoke arep padha kawin . Sire, kedadean ana cecak buron arep kawin kuwi iso nggawe klangenan ing atine. Nanging ora, Prapto isih ketok mendhem masalah sing marai pikirane mumet. Mripate kethap-kethip nyawang plenthong limang watt sing madhangi kamar. Ngglethek ing kasur kumel. Ketok yen kasur kuwi wis suwe di enggo utawa wis tuwo umure. Tangane loro di enggo nyangga sirahe dadi gantine bantal. Ora oana suara ing mlebu menyang kupinge. Mung suara-suara jangkrik karo kewan sak tunggale nagancani sepine wengi. Wengi sansaya wengi nambah nelangsane ati.


Lawang kamare muni amarga ana sing mbukak. Mripate pindah ndeleng lawang sing kebukak. Engsele wis karaten dadi iso ngetokake suara. Jebul bojone sing mbukak lawang. Bojone jenenge Lastri. Dheweke lagi wae mulih saka rewang masak tanggane sing lagi nduwe gawe. Asline mau Prapto di ajak mrono, nanging Prapto wegah. Alesane wegah mangkat amarga dheweke lagi mumet kakehan masalah. Lastri nyangka yen bojone kuwi mung kakehan masalah ing sawah amarga wereng ngrusak parine. Akhire Lastri mangkat dhewekan. Liyane rewang, uga kanggo njaga kerukunan karo tangga-tanggane supaya ora di kucilke.

Lastri mlebu kamar.
“Durung turu kang? Jarene lagi mumet ?”
“Durung las, aku rung iso turu, sakjane wis tak merem-meremke.”
“Lha Topan wis turu ?”
“Wis, sakwise dheweke mulih saka pengajian ana langgar, dheweke langsung turu ing kamare dhewe. Ketoke dheweke lagi kesel amarga sedina mung mlanyet wae.”

Banjur lastri mbukak lemari. Njipuk ganti klambi. Terus Lastri menyang kamar mandi. Wisuh sak cukupe lan sisan ganti klambi.

Prapto isih tetep turon ing amben nalika Lastri bali saka kamar mandi. Wengi iki Prapto arep ngetokke uneg-uneg sing dipendhem dheweke menyang Lastri. Wis suwe mung kependhem sak jeroning ati. Banjur lastri melu turon ing pinggire Prapto. Lastri nyawang bojone karo sewu tetakon ing ati. Ora biasane dheweke nyawang bojone mumet amarga masalah nganti kaya ngene. Dino-dino sak durunge ugo wis mangkat ketok.

“Kang! Ana apa tha ? kok ketoke lagi nduwe masalah temenan, mbok cerita.” Lastri angkat omongan.

“Ngene lho las. Sakjane aku wis suwe arep cerita menyang kowe nanging aku wedi. Aku tumindak ngono amarga aku wegah nambahi beban menyang kowe. Nanging sansaya aku mendhem cerita kuwi, aku malah sansaya nelangsa.”

“Yaw is kang, saiki kowe cerita menyang aku, sak isane aku nyoba ngrewangi, lha aku ya bojomu dhewe tha ?”Lastri sansaya nyedhakke awake supaya luwih ndengket karo bojone.

“Pokoke mengko kowe aja nesu Las ! Masalah iki angel pemecahane, dadi mengko aku pengin rembugan karo kowe. Critane ngene. Mbiyen suwargi bapak nduwe utang marang pak Bejo, juragan lenga patra ing desa sebelah kae. Jumlahe gedhe banget nganti limang yuta. Nanging aku ora ngerti kanggo apa duwit akeh kuwi. Nganti bapak seda, utang kuwi durung kebayar. Lha aku meneng-meneng tanpa rembugan karo kowe, aku menyang pegadaian lan siji-sijine alas sing nguripi dheweke kuwi kepaksa aku gadhekke. Terus turahane duwit aku tukokake TV ing ruang tamu kuwi. Lha sing dadi masalah, bates anggonku nebus mung kurang seminggu maneh. Tebusane cacahe enem yuta. Saiki aku mung nduweni duwit limangatus ewu. Lha iki kepriye Las, aku bingung lan aku njaluk pangertenmu uga pangapuramu.”

“Kowe kepriye tha kang ? mbok cerita mbiyen-mbiyen, bareng mepet kaya ngene lagi cerita. Aku dudu wong liya kang! Aku bojomu!” 

Lastri tangi saka ambene. Lungguh ana pinggire Prapto. Mripate adus luh gara-gara nangis ngrungoakake masalah kuwi. Prapto ugo lungguh lan ndekep Lastri, nenangake dheweke. Wong loro padha bingung kabeh. Kelingan penjaluke Topan dhek wingi marai tambah mumet. Dhek wing sakwise mulih saka dolan Topan nangis njaluk pit onthel. Kanca-kancane wis padha mduwe kabeh.
“Iki ngene wae kang, aku nduwe kalung,gelang uga cincin.kabeh kywi didol wae kanggo mbayar tebusan.”

“Aku wis mikir tekan kono,nanging opo kabeh kuwi wis cukup kanggo nebus? Palingan rego mas – masan kuwi yen dijumlah ora nganti pitungatus ewu. Terus turahane golek ngendi? Deweke mung duwe omah iki karo TV. Ora mungkin to nggadheke utawa adol omah kanggo mbayar tebusan. Umpama Tv didol paling mung payu limangatus ewu. Yen di total kabeh ora ana setengaahe kanggo nebus.”

“Terus saiki kepiye kang?”

Mripate lastri terus ngetokake luh. Wengi sansaya wengi, wong loro kuwi mung pada ndeleng plenthong limang watt ing kamar kuwi. Nganti tengah wengi padha ora iso turu. Jam loro wengi mripat wong loro kuwi lagi padha merem. Mbuh amarga mumet utawa kesel.
Seminggu wis dilakoni,prapto ora iso nebus alase.saiki sing diduweni mung omah anak lan bojo. Gawean dadi buruh tani ora cukup kanggo nguripi kaluarga. Siji sijining alas, wis di sita pegadaian. Lastri mung iso sabar lan manehi dorongan menyang prapto. Lan sak isane Lastri arep ngusahaake supaya dapur tetep ngebul. Embuh dadi buruh umbah- umbah,buruh sawah,adol panganan utawa liyane.

Sore iki prapto ngalamun ing emper omahe, mripate ndeleng menyang mega-mega, warnane kuning ameh abang, amarga srengenge wis arep mlelep ing kulon. Prapto ngalamun piye carane dapur tetep ngebul, Topan tetep sekolah kanthi lancar uga isa nukokake sandang kanggo anak bojone.Lamunane Prapto pecah amarga krungu tangisane Topan. Topan nangis sak banter-bantere lan malah gulung ing ngarepe Prapto. Topan nangis njaluk pit kaya kanca-kancane. Yen dadine ngene, apa ora sansaya mumet umpama dadi Prapto?
Andi Dwi Handoko
Andi Dwi Handoko Pendidik di SMP Negeri 2 Jumantono. Pernah mengajar di SD Ta'mirul Islam Surakarta dan menjadi editor bahasa di sebuah surat kabar di Solo. Suka mengolah kata-kata di DapurImajinasi dan kadang juga di media massa. Pernah juga mencicipi sebagai pelatih Teater Anak dan Pimred Majalah Sekolah. Suka juga bermusik. Hubungi surel adhandoko88@gmail.com, Instagram adhandoko88, atau facebook.com/andi.d.handoko

1 komentar untuk "Cerkak "

Berlangganan via Email